11 April 2011

Bumi

Bumi yoiku salah sawijining planet kang dadi panggonane makhluk2e gusti Allah wiwit mbiyen jamane nabi adam as tumurun ing jagad iki amargo ndhahar woh ing sorga(khuldi), kang dadi salah sawijining larangane gusti Allah kanggo nabi adam as jaman semono. Makhluk2 e gusti Allah koyoto: menungso, khewan,iblis,syetan,jin,lan benda2 mati sing sakbenere urip, koyoto: wit2an,watu,banyu,gunung,lemah,segoro lan lia2ne.
BUMI, panggonan kanggo nglakoni aktivitas e/penggaweane ciptaan2 ne gusti Allah, koyoto:
1.Khewan sing aktivitase: mangan, turu, manak, kawen,ngising. Bab Mangan iki, khewan sing herbivora podho mangan godhong lan suket2an, Sing karnivora podho mangan sejenise(hewan),iki ora ateges/mergo kejam,nanging pancen kedadeane kudune mesti ngono,yo ngono iku kang aran "sistem siklus rantai makanan", Lan ono maneh khewan sing mangan godhong/buah lan daging sing diarani khewan omnivora.
2.IBLIS lan syetan sing penggaweane nggoda anak putune nabi adam wiwit jaman mbiyen nganti saiki lan nganti mbesok dino kiamat(yaumul akhir)
3.JIN, sing penggaweane podho(sama) karo menungso yoiku ngelaksanakane syari'at sing digowo dening nabi SAW. Jin ugo ono sing apik(beriman) lan ono sing olo.
4. AktivitaseBenda2 mati koyoto: 1.Banyu sing ono ing kali lan segoro kang dinggo penguripan sato iwen(iwak), 2. Wit2 an sing aktivitase wenehi angin/udara kanggo ambekan/bernafas menungso,amargo wit2 an ambekane menghirup CO2 lan ngetok ake O2, O2 sing dibutuhake manungso lan khewan ambekan, 3. Lemah,sing aktivitase kanggo numbuh ake wit2 an, miline banyu kali, lan adah banyu kanggo segoro, lan isih akeh conto liane. Lan sing paling penting benda2 mati iku akeh manfaate kanggo manungso, koyoto: lemah kanggo ngedek ake omah, nenandur poro tani. Banyu kanggo masak, ngombe, irigasi/pengairan sawah2. Kayu kanggo gawe omah,kayu bakar, lan sak panunggalane.

WO....iyo ding kelalen Srengenge/matahari, Srengenge kanggo madangi(menerangi) Bumi lan jagad sak isine iki, terus fungsi liane kanggo proses fotosintesis wit2 an lan suket2 an, karo nganu ding srengenge ugo ngandung vitamin D sing kanggone nggo pembentukan tulang manungso, lan iseh akeh meneh fungsi liane bab srengenge. Senadyan srengenge dudu makhluk bumi, nanging srengenge akeh manfaate kanggo makhluk2 sing dumunung ono ing bumi nadyan srengenge yo ngandung UV ultraviolet sing iso marakne kulit dadi gosong(ireng), A Nanging saiki srengenge wus rusak(bocor), ditambah meneh lapisan atmosfer (lapisan sing nglindungi soroting srengenge) wus suwek sing nyebabne bumine dadi panase puoool, efek e merambah ngasi nyebabake global warming. Kabeh kedadean mau yo mergo tingkah polahe menungso. Iyo pora?


4. Menungso sing aktivitase: nyambut gawe(kanggo kecukupan keluargo), sholat, poso, zakat, ngibadah liane, tani, ngarit, angon, sekolah, mangan, turu, ngising, kawen(sing wis nduwe bojo), mancing, dolan, adus, facebookan, memet, ngedarne shabu2, korupsi, nyembah reco(arca), ngrungokne tape/radio, nonton tipi, nonton bokep, ndem2 man(mabuk miras), demenan(zina), ngeloco, ambung2an(ciuman), pacaran, njaili kancane, padu, golek duwit, main kertu, oklok/dadu, olahraga, demo ngasi koyo preman, nyolong, lan lia2ne.



BUMI, umpamane kowe ditakoni " kwe opo isih betah dinggo papan panggonan menungso", yo mesti wae bumi meneng ora ono jawabane,amargo bumi salah sawijining makhluk sing ora dianugerahi Lisan, nanging bumi njawab kanthi wenehi isyarat2 sing isine fenomena2 kejadian alam koyoto: lindhu(gempa bumi), tsunami, gunung mbledos, global warming sing nyebab ake es2 sing ono kutub mencair nganti volume banyu segoro bertambah, angin gedhe(lesus,puting beliung,tornado, topan,dll), banjir, badai tropica, udan uler lan isih okeh conto liane. Okeh ayat Qur'an lan hadis nerangne bab iki sing intine "ananing kedadean2 ing bumi iki ora lio amargo songko perbuatane menungso kuwi dewe".
Songko kedadean2 ing dhuwur kui, kudune awake dewe iso nggagas nganggo pikirane dewe2, amargo manungso tumitah iku dianugerahi "OTAK" songko gusti Allah sing digunakne kanggo mikir, Sak jane ki Bumine iki iseh betah opo ora dinggo panggonan poro menungso?
Mongko songko kuwi, ayo podho nggalih lan mbiji awake dewe2 teko ngendi anggone awake dewe2 mapan ake diri ono ing ngalam donya iki.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar